Kamis, 16 Januari 2020

PANGANAN TRADISIONAL JAWA

Panganan Tradhisional Jawa

Panganan tradisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tertentu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padhang, lan sapanunggale.

A. Maca lan nanggapi teks


Tumpeng


 Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun bucu; amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Olahan sega sing diano umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan.
 Tumpeng biyasane dianggo ing upacara tradhisional sing sifate seneng utawa sedhih. Tumpeng ing ritual jawa

B. Nemokake nilai-nilai kang kamot ing teks
Babagan kang kudu digatekake yaiku:
1. tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa putih;
2. tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih;
3. tumpeng minangka simbul keslametan, kesuburan, lankasejahteraan;
4. tumpeng kang lincip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta pangarep-arep supaya urip munggah lan ndhuwur.
C. Mbedhah Isine Teks


Jadah



 Saka jenenge jadah manten bisa ngemu teges lajanan sing padatan didadekake barang gaywan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amerga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut. Jadah uga minangka jajan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Kaya kang wis dimangerteni, tedhak siten minagka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake,

 Isine teks ing ndhuwur, yaiku:
 1. Jadah minangka jajan kang padatan didadekake barang gawan kanggo penganten;
 2. Jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket;
3. Jadah uga minangka jajan kang padatan ana ing acara tedhak siten;
4. Jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu%3B Jadah werna pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati.

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XISMA/SMK/MA

3 komentar:

  1. Alhamdulillah bagus, dapat membantu untuk lebih memahami isi pokok suatu bacaan terutama terkait makanan khas lokal

    BalasHapus
  2. mari gabung bersama kami di Aj0QQ*co
    BONUS CASHBACK 0.3% setiap senin
    BONUS REFERAL 20% seumur hidup.

    BalasHapus

SINAU AKSARA JAWA

Sinau Aksara Jawa Sinau Aksara Jawa Aksara iku tegese huruf ing basa Indonesia, Saben-saben bocah padha nganggo aksara. Sing paling k...