Kamis, 16 Januari 2020

PITUTUR LUHUR ING CRITA WAYANG

Pitutur  Luhur Ing Crita Wayang

Wayang dumadi saka Tembung "yang" Utawa "hyang" antuk ater ater wa-, tegese roh kang biasa gawe beja cilikaning manungsa. Wayang iku gegambaran watak lan jiwaning manungsa.

A. Maca lan nanggapi teks wayang

    Dewi Kunthi

          
Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Devi Prita, yaiku kelebu putri sing kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake kagungan katurunan saka kulawarga Yadama, yaiku putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura.  Dewi Kunthi duwe sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena. 


Shinta Kadhusta


 Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastralumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

B. Nemokake tuntunan ing teks wayang

 Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa Urip ayem tentrem nengenake perseduluran.
tuntunaning teks wayang Sinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi jenji, sarta setya. urip ayem tentrem nengenake paseduluran.

C. Mbedhah perangane teks wayang

Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga Sinta.

D. Nulis Sinopsis Wayang 

Urut urutane nulis sinopsis :
1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penรผlis.
4 Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.
3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.
4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA , Mengenal Tokoh dan Cerita Wayang - WordPress.com , Wayang Indonesia


7 komentar:

  1. Alhamdulillah bagus dapat membantu untuk mengetahui lebih banyak tentang wayang

    BalasHapus
  2. Izin promo ya Admin^^

    Bosan gak tau mau ngapain, ayo buruan gabung dengan kami
    minimal deposit dan withdraw nya hanya 15 ribu rupiah ya :D
    Kami Juga Menerima Deposit Via Pulsa
    - Telkomsel
    - GOPAY
    - Link AJA
    - OVO
    - DANA
    segera DAFTAR di WWW.AJOKARTU.COMPANY ....:)

    BalasHapus

SINAU AKSARA JAWA

Sinau Aksara Jawa Sinau Aksara Jawa Aksara iku tegese huruf ing basa Indonesia, Saben-saben bocah padha nganggo aksara. Sing paling k...