Kamis, 16 Januari 2020

BUDAYA WEWALER

Budaya Wewaler

Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku nganel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa myembadani prekara sing dianggep mbebayani iku.

Gugon Tuhon
 
1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.
2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemubteges ora becik.
3. Gugon tihon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.

Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kaluwarga, lan kadonyan.

Pituduh

Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.
1. Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
2. Pituduh kang magepokan karo rohani
3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
5. Pituduh kang magepokan karo kaluwarga
6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan

Wewaler

Kaya dene pitiduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
2. Wewaler kang magepokan karo rohani
3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
5. Wewaler kang magepokan karo kaluwarga
6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XII SMA/SMK/MA

9 komentar:

SINAU AKSARA JAWA

Sinau Aksara Jawa Sinau Aksara Jawa Aksara iku tegese huruf ing basa Indonesia, Saben-saben bocah padha nganggo aksara. Sing paling k...