Jumat, 17 Januari 2020

GEGURITAN

Geguritan

Geguritan iku pulsi jawa gagrag anyar kang ora kalket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane

Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki:

1. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.
2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (/).
3. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
 Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).

Apa Bedane
 dening Sudi Yatmono 

Apa bedane prosa karo puisi
Bedane ana ati
Apa bedane ati karo gori
Bedane mung prakara bumbune
Bedane apa bumbune karo sing dibumboni
Bedane rak mung ana ing wadhah
Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
Lha apa bedane manungsa karo kewan
Ah iku urusane Pangeran


B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan 

Geguritan iku umume digawe panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Müla saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

 C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika, Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene:

1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru laqu, lan sapanunggale.
2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XII SMA/SMK/MA

5 komentar:

  1. Alhamdulillah bagus, sangat membantu dalam mengetahui tentang geguritan

    BalasHapus
  2. Numpang promo ya Admin^^
    ajoqq^^cc
    mau dapat penghasil4n dengan cara lebih mudah....
    mari segera bergabung dengan kami.....
    di ajopk.com ^_~
    segera di add Whatshapp : +855969190856

    BalasHapus

SINAU AKSARA JAWA

Sinau Aksara Jawa Sinau Aksara Jawa Aksara iku tegese huruf ing basa Indonesia, Saben-saben bocah padha nganggo aksara. Sing paling k...